cerita basa jawa Dumadine Rawa Pening
Dumadine Rawa Pening
Desa Banarawa lagi nganakake pesta
desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha
njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang
minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing
padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane.
Mangerti
kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane
masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta.
Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar.
Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang
dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi
ati kang lara lan nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah
ala rupa mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan tujuan. Anggone
mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh
saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune
Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis
tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing.
Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan
ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur ditancepake ing lemah.
Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep
diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya
mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake
cilik tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut.
Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.
Muncrate
banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan
kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora
ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung
kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.
Rawa
pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa
Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan
Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng
gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.